Pevita Pearce

Pevita Pearce
Pevita Pearce pada taun 2018
LairPevita Cleo Eileen Pearce
(1992-10-06) Oktober 6, 1992 (umur 31)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis
Taun aktif2006 - saiki
Wong tuwaBramwell Pearce
Ernie Auliasari

Pevita Pearce (lair ing kuthaJakarta, 6 Oktober 1992; umur 31 taun) ya iku aktris lan pèmain filem Indonésia katurunan Banjar lan Inggris, ibune asalé saka Banjarmasin lan bapakné asalé saka Inggris. Dhèwèké misuwur saka filem Denias, Senandung di Atas Awan (2006) sing olèh peran dadi Angel. Film iku dadi pèngalaman pertama sajeroning dhèwèké akting ana ing filem layar amba sawisé dhèwèké merani sinétron Mutiara Hati dadi Tara.[1]

Ing pungkasan taun 2007, Pevita uga bali main ning filem Lost in Love sing tayang nalika wulan Mèi 2008. Ing jèroné filem iki, Pevita olèh peran utama dadi Tita. Pevita banjur main peran bareng Richard Kevin sing olèh peran dadi Adit. Pevita olèh peran Tita liwat dhèrètan prosès seleksi kang dawa wiwit saka watara 1.100 pandhaptar nganti ngerucut dadi wolung wong lan saka filem Lost in Love, Banjur Pevita dinominasiké dadi Pemain Utama Wanita Paling Apik ing panghargyan Pestival Filem Indonésia (FFI) taun 2008.[2].

  1. Pevita Pearce, miwiti dadi aktris kanthi misuwur ing Indonésia, dibèsut nalika 12 Agustus 2016
  2. Lanjutkan 'Eiffel I'm in Love', Produser Ganti Pemeran Utama, dibèsut nalika15 Januari 2008

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy